Rabu, 15 September 2010

Cunthel

Bareng mireng suara bedhug
Kabeh dadi cunthel
Ilang plas
Apa kang arep tak aturake
Marang sliramu

Suara bedhug
Ndhodhogi dada
Gawe getering raga
Nyirnakke daya

Kabeh dadi cunthel
Nalika ora iso adu arep
Karo sliramu
Kamangka wis akeh panjangka
Kang arep diaturake
Tanpa ana piyayi liya

Cunthel
Sing ana mung wewayangan
Kang gegla ngebaki netra
Nggawa tresna kebak rasa

yk 290909

Apa Aku Salah?

Pancen bener
Dinamu beda
Dinaku beda
Dinamu dinaku pancen beda

Apa aku salah
Yen ngantu-antu rawuhmu

Apa aku salah
Yen saben-saben keprungu suaramu
Banjur gragapan
Golek cekelan

Apa aku salah
Yen sak wayah-wayah nunggu wartamu
kang kumleyang kagawa angin
lang temangsang ing pucuk-pucuk ranti

Dinamu dinaku pancen beda
Apa aku salah
Yen aku duwe gegayuhan
Dinamu dinaku pada pada

yk 290909