Nguri-uri kabudayan, yen dudu awake dewe sing nguri-uri, kudu sapa meneh. jaman saiki wis okeh wong manca sing isa migunakake basa jawa. malah wong jawa dewe okeh sing lali karo basane. basa jawa wis arang dadi bahasa ibu. mbok menawa sakdengah uwong rumongso ora 'keren' nek nganggo basa jawa. bab iki isa dimaklumi amarga sesrawungan sing dilakoni saiki wis campur budaya-budaya liya. mula, mangga tak derekake nguri-nguri basa jawa kanggo anak putu.

Minggu, 29 Agustus 2010
Pepesthen
Lahir, jodo, mati
Kabeh wis ginaris
Manungso mung titah sawantah
Kudu nampa
Tanpa bisa sulaya
Kaya ta srengenge
Kang kudu teka saben rina
Madangi bumi saisine
Tanpa iso suwala
Kaya ta mbulan
Kang kudu ngancani lintang
gawe kaendahaning wengi
Mula
Aja gampang kuciwa
Yen pepesthen kui mau
Ora kaya sing diganta
Saben dino
Rabu, 18 Agustus 2010
Apa Tenan Kuwi Penjenengan
Nalika penjenengan rawuh ngasta warta
Ndahepa senenge aku nampa
Arepa mung ing awang-awang
Ra kasat mata
Pa meneh nalika penjenengan paring geguritan
Ngemu rasa
Aku arep selak
Ning nganggo cara apa
Bab sakbenere
Ati wanitaku mongkog....
Pasuryan panjenengan ngegla
Neng ngarep mata
Apa tenan kuwi panjenengan?
Sing rawuh kanthi sesidheman
Ngasta sandi
Kanggo mbukak ati?
Apa tenan kuwi penjenengan?
Kang sawetara iki
Ngesuhi pikiran
Nanging ra tau ngawujud
Kejaba neng angen-angen
Muhdela 251008
Sansaya Garing
Gawang2 wewayangan ngreridu ati
kagawa rasa ngungun
nyawang tetanduran sansaya garing
kapan bakal ngrembaka?
pa kudu ngantu-antu
tibaning udan wayah rendheng
kapan ?
pa mung kudu nunggu tumetesing embun wayah esuk
sing uga bisa nyirami ati kang kebak rasa
sing tak ganta
kapan bakal teka ?
dene sing ana
mung rasa keranta-ranta....
Okt 08
Ora bakal cidra
aji apa maneh
sing kok tamaake marang awakku
dene nganti pirang-pirang ratri
mripatku raiso merem
ing endi papan
ing ngendi wayah
wewayanganmungreribet ati
aji apa meneh
sing kok tamaake marang awakku
apa sliramu kpingin
aku cidra ing janji
kang bakal gawe rekasaning uripku
ora
arepa ming sak pucuking jari
apa meneh kok tangan sesisih
sing jelas aku ora kepingin invalid
aja
aja kok titipke marang aku atimu
amarga ora bakal rinengga
percaya-a
aku ora bakal cidra
magelang juli 2001
Nelangsa
Kang ana mung nelangsa
Rikala
Nggoleki sliramu ora ana
tekan ngendi anggonku kudu lungo
rasaku saya was-was
yen sluramu bakal ninggal plas!!
Tanpa kanda
Tanpa sapa
Arepa mung ninggal donga
Dina-dina lumaku saya dawa
Dene aku kelangan tresna
Amarga sliramu ara nate ngegla
Ing sak ngareping netra
Nelangsa
Kang tak rasa saya ngrembaka
Jroning dada
Okt 2000
Dina kang mesti
Rasa ngelangut iki
Tansaya krasa ngerujit ati
Dene
Isih ana tangan-tangan kumlawe
Asung suka
Ing dina kang mesti
Pasuryan iki dadi tanpa werna
Cayane bias
Ilang tanpa tilas
Kang ana mung pucet
Kusem
Dina-dina kang lumaku tanpa daya
e... e.... lagi krasa
semene abote sanggane rasa
tan kinira tan dinyana
sutresna iku tan bisa onya saka rasa....
miliran 151287
Langganan:
Postingan (Atom)