Rabu, 15 September 2010

Cunthel

Bareng mireng suara bedhug
Kabeh dadi cunthel
Ilang plas
Apa kang arep tak aturake
Marang sliramu

Suara bedhug
Ndhodhogi dada
Gawe getering raga
Nyirnakke daya

Kabeh dadi cunthel
Nalika ora iso adu arep
Karo sliramu
Kamangka wis akeh panjangka
Kang arep diaturake
Tanpa ana piyayi liya

Cunthel
Sing ana mung wewayangan
Kang gegla ngebaki netra
Nggawa tresna kebak rasa

yk 290909

Apa Aku Salah?

Pancen bener
Dinamu beda
Dinaku beda
Dinamu dinaku pancen beda

Apa aku salah
Yen ngantu-antu rawuhmu

Apa aku salah
Yen saben-saben keprungu suaramu
Banjur gragapan
Golek cekelan

Apa aku salah
Yen sak wayah-wayah nunggu wartamu
kang kumleyang kagawa angin
lang temangsang ing pucuk-pucuk ranti

Dinamu dinaku pancen beda
Apa aku salah
Yen aku duwe gegayuhan
Dinamu dinaku pada pada

yk 290909

Minggu, 29 Agustus 2010

Wis Ginaris


Jare sliramu wis tata-tata
Nampa warta

Nanging ngapa
Ndadak ana luh
kang tumetes saka waspa

Mangertia
Gusti Allah maha pirso
Sliramu mesti isa nampa
Apa wae

Kang wis ginaris
Tanpa perlu enda
Merga kabeh mau
Drajate menungso
Tetep ora bisa sulaya.

Rembulan Krowak


Wengi iki mbulan krowak
Ora bakal ana purnama
Padange wengi maya-maya,

Wengi iki cahya lintang
Alum
Ora cumlorot kaya adat saben

Wengi iki
Atis
Ngungun
Nunggu embun.

Pepesthen

Lahir, jodo, mati
Kabeh wis ginaris
Manungso mung titah sawantah
Kudu nampa
Tanpa bisa sulaya

Kaya ta srengenge
Kang kudu teka saben rina
Madangi bumi saisine
Tanpa iso suwala

Kaya ta mbulan
Kang kudu ngancani lintang
gawe kaendahaning wengi

Mula
Aja gampang kuciwa
Yen pepesthen kui mau
Ora kaya sing diganta
Saben dino

Rabu, 18 Agustus 2010

Apa Tenan Kuwi Penjenengan

Nalika penjenengan rawuh ngasta warta
Ndahepa senenge aku nampa
Arepa mung ing awang-awang
Ra kasat mata

Pa meneh nalika penjenengan paring geguritan
Ngemu rasa
Aku arep selak
Ning nganggo cara apa
Bab sakbenere
Ati wanitaku mongkog....
Pasuryan panjenengan ngegla
Neng ngarep mata

Apa tenan kuwi panjenengan?
Sing rawuh kanthi sesidheman
Ngasta sandi
Kanggo mbukak ati?

Apa tenan kuwi penjenengan?
Kang sawetara iki
Ngesuhi pikiran
Nanging ra tau ngawujud
Kejaba neng angen-angen

Muhdela 251008

Sansaya Garing

Gawang2 wewayangan ngreridu ati
kagawa rasa ngungun
nyawang tetanduran sansaya garing

kapan bakal ngrembaka?
pa kudu ngantu-antu
tibaning udan wayah rendheng

kapan ?

pa mung kudu nunggu tumetesing embun wayah esuk
sing uga bisa nyirami ati kang kebak rasa
sing tak ganta

kapan bakal teka ?

dene sing ana
mung rasa keranta-ranta....

Okt 08